Pages

Wednesday, August 26, 2015

ASALE DESO KEDUNG JAMBAL..


Mapan ono tlatah Kabupaten Sukoharjo lan sa jroning paprentahan Kecamatan Tawangsari ing kono ono deso kang duwe tetenger" Kedung Jambal".Deso kang misuwur,kondang kaonang tansah anjunjung marang budi pekerti luhur masyarakate,gemah ripah loh jinawi toto tentrem kerto raharjo.

Nanging ora akeh kang mangerteni musabab opo deso iki diarani Kedung Jambal?

Miturut pinuture poro pinisepuh lan poro budayawan deso,pancen ono sabab musababe deso iki diarani Kedung Jambal.

Naliko jaman semono antawis 5 abad kapungkur,tlatah Kabupaten Sukoharjo iseh awujud alas gede angker paribasan alas gung liwang liwung jalmo moro jalmo mati,anggambarke alas kuwi pancen angker banget lan ora ono sawijining jalmo sing wani manjing sajroning alas iku.Nah..dununge alas kuwi mau mapan persis ing tlatah sing saiki diarani Deso Kedung Jambal.

Miturut sesepuh,ono sawijining jalmo kang naliko semono minongko utusane kanjeng sinuwun Sri Susuhunan pakubowono kaping III kang ajejuluk Pangeran Adipati Kidang Tlangkas,kautus ambabat alas minongko bakal digawe dalan poro prajurit Mataram kang naliko kuwi bakal gabung karo prajurit Sultan Agung Hanyoro Kusomo nglurug perang lawan kompeni ing Batavia.

Kacarios Pangeran Adipati Kidang Tlangkas direwangi kiro kiro ono 50 abdine, amiwiti babat alas.Siji boko siji wiit-witin kang ono alas dirubuhake  lan ora luput poro bangsana jin kang mapan ono alas podo takluk kalawan kasektene sang Pangeran.Kurang luwih ono 5 purnomo lawase alas wes rampung dibabat lan ora ngiro ora nglegewo ono sak tengahe alas ono blumbangan kang ukurane kurang luwih 1000m2.

Satengahe blumbangan isine banyu kang bening biru anteng pertondo yen blumbangan kuwi mau ora cetek...bersambung

1 comments:

  1. Certa dari mulut ke mulut dan belum terbukti kebenarannya..

    ReplyDelete